Selamat Datang di web FKWA ( Forum Komunikasi Winongo Asri )

Kamis, 15 November 2012

Gugur Gunung Reresik Lepen Winongo



Gugur Gunung Reresik Lepen Winongo
Ngayogyakarta www.jogjtv.tv Nalika  mangsa rendheng, warga kedah langkung waspada, mliginipun menggahing warga ingkang mapan dhateng bantaran lepen, ingkang tukipun saking Redi Merapi. Warga Kalurahan Kricak lan Bener, Tegalrejo, Kota Yogyakarta, dinten Minggu(11/11) enjing, gugur gunung  reresik Lepen Winongo.

Ancasipun warga Kelurahan Kricak  lan Bener, Tegalrejo, Kota Yogyakarta  reresik Lepen Winongo, kangge cecawisan ngadhepi mangsa rendheng. Awit mangsa rendheng taun kapengker,  griyaning  warga bantaran Lepen Winanga kathah ingkang katrajang bena ladhu. Gugur gunung samangke ugi kangge miwiti gerakan program kali bersih, PROKASIH ingkang dipun kepyakaken dening Pemkot Yogyakarta. Warga gugur gunung ngresiki sangkrah lan ngeriti suket sapinggiring lepen, awit menawi boten dipun  resiki, nalika jawah badhe bunteti ilining toya lepen. Amakili Walikota Yogyakarta, Kepala BLH Kota Yogyakarta Edi Muhammad nanem bibit taneman lan nyebar bibit ulam dhateng Lepen Winanga. Ancasipun kangge njagi ekosistem lepen, supados warga boten  mbucal uwuh dhateng lepen.
Warganing Forum Komunikasi Winongo Asri, Wira, ngandharaken, sakawit masyarakat ing wewengkon kasebat kirang nengenaken resiking lepen,  ananging samangke warga krenteg nanjakaken pekawisan suwung pinggir  lepen kange damel  Ruang Terbuka Hijau, lan samangke dipun tanjakaken kangge papan ngenggar enggar penggalih.
Kangge cecawisan lampahing Festival Winongo ingkang badhe dipun adani tanggal 14 ngantos 18  November benjing,  ugi dipun adani upacara nyebar sekar dhateng  kreteg lan Lepen  Winongo, wewengkon  Kelurahan Bener lan Kricak .
(Wempi Gunarto/Dhimas Jayaprana)
Sumber : http://www.jogjatv.tv

Tidak ada komentar:

Posting Komentar