Selamat Datang di web FKWA ( Forum Komunikasi Winongo Asri )

Sabtu, 24 Maret 2012

Kepyakan Titik 4 Greskap FKWA



Kepyakan Titik 4 Greskap FKWA

      Ngayogyakarta, www.jogjatv.tv - Kangge mujudi program Kitha Ngayogyakarta ingkang sehat lan berhati nyaman, Minggu enjing(10/4), Walikota sarta Wakil Walikota Yogyakarta, ngepyakaken pangupakawising bantaran Lepen Winongo, ing Kalurahan Gedhong Tengen, Ngayogyakarta. Adicara kepyakakan Titik 4 FKWA Greskap punika, dipun regengaken kanthi sawetawis krida, kadosta simulasi Tagana, senam sarta mancing massal.

Wewengkon ingkang sakawit katingal reged punika, lajeng dipun resiki kanthi swadaya dening warga Pringgokusuman lan warga Tegalrejo. Warga mbangun Ruang Terbuka Hijau, RTH lan papan dolanan lare. Kejawi punika, warga ugi mbangun lurung, sarta kreteg ingkang dados tandha pambangunaning RTH ing FKWA zona tengah, inggih punika Gesit-Resik-Tanggap utawi Greskap titik 4. Ing papan punika ugi dipun bangun gedung serbaguna ingkang ugi saged dipun dayakaken kangge krida PAUD, sarta papan pepanggihan. Sinaosa kathah pigunanipun, nanging pambangunaning RTH punika, kapepalang babagan redana kangge mbayar tenaga ingkang reresik.

sumber : http://www.jogjatv.tv

Tidak ada komentar:

Posting Komentar